sri fidiyanti sing dadi kangene ati..
Tansah kelingan marang ayune ngati...
Sampe ajal sing misahaken raga...
Aku tetep kelingan.
Tansah kelingan marang ayune ngati...
Sampe ajal sing misahaken raga...
Aku tetep kelingan.
Jenengku Sugimin, Aku Kelairan saka Wanareja, salah sawijine kota kecamatan ning kabupaten Cilacap. Desa Adimulya sing kalebu desa makmur kuwi asalku. Kawit cilik aku melu Simbah, sekolah ning SDN 05 Wanareja, pindah ning SDN XVI Kompi Senapan D 405 Wanareja. Lulus SD aku ngelanjutna ning SLTPN 01 Wanareja. Aku seneng tinggal ning desaku jalaran kancaku akeh lan rukun. kanggo kanca-kancaku, Sri Fidiyanti ( Tati ), harni, Heni, Apri Ansori, Cici, Sri Mulyani, Erlida, Ernanto, Basir, Badrun, Nunung, Intan, Dani, Kisworo, Yamin, Apri, Heni, Turyono, Wanto lan lian-liane sing ora kaetung, Ugo matur nembah nuwun kangge Bpk. Santoso, Bpk. Rhomdoni (Alm) , Ibu Sumiati ( guru SND 16 ), Bpk. Tri, Bpk. Parjan, Bpk. Daryono, Bpk. Manto, Ibu Ambar, Ibu Ani ( guru SLTPN 01 Wanareja) aku ngucapna maturnuwun sampe saiki tesih kelingan karo aku. Kanggo kaluargaku sing ana ning Adimulya Mbah Putri Turniah, Mbah kakung Sunarto, Budhe Satiyem, Bu'le Warhayati, lan adhi-adhiku Candra Purnama Putra, Evi, Reval, moga-moga Gusti Alloh maringi kamudahan dunia lan akhirat, amin.
Motto: Jala Bhumi Wijaya Kusuma CaktiSesanti: Bercahaya (Bersih, Elok, Rapi, Ceria, Hijau, Aman lan Jaya)
Pambuka
Kabupaten Cilacap kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang wilayah Pantai Kidul, kota Cilacap kuwe ibukota kabupatene, kota-kota liyane: Majenang, Karangpucung, Sidareja, Maos, Sampang, Kroya karo liya-liyane. Luas wilayah Kabupaten kiye ± 128.111,50 Ha utawa 1.281,115 Km2, (termasuk Pulau Nusakambangan).
Cilacap
Bupati: H. Probo Yulastoro, S.Sos, MM
Luas : 1.281,115 km²
Kecamatan: 23 Kecamatan, 282 Desa
Penduduk :
Kepadatan : +/- 1.650.000+/- 767,75 / km²
Suku : Suku Jawa lyy.
Agama : Islam, Protestan, Katolik, Hindu karo Budha
Basa : Basa Banyumasan, Basa Jawa karo Basa Indonesia
Kode Tilpun: (0281)
Situs web resmi: http://www.cilacapkab.go.id/
Suku : Suku Jawa lyy.
Agama : Islam, Protestan, Katolik, Hindu karo Budha
Basa : Basa Banyumasan, Basa Jawa karo Basa Indonesia
Kode Tilpun: (0281)
Situs web resmi: http://www.cilacapkab.go.id/
Geografis

Bates wilayah
Sisi kulon kuwe propinsi Jawa Barat, sisi lor Kabupaten Brebes karo Kabupaten Banyumas, sisi wetan Kabupaten Kebumen karo sisi kidul samudera Indonesia.
Basa
Basa sing dituturna penduduk Kabupaten Cilacap kuwe mayoritas basa Banyumasan, ningen ana wilayah-wilayah sing nuturna basa liya antarane: desa Bajing, kecamatan Kroya, ana sakelompok penduduk nang pedukuhan Gading kintholan, nganggone basa Jawa logat Yogya / Solo, ketone mbiyen-mbiyene leluhure sekang Yogja/Solo. Semono uga nang Kecamatan Karangpucung, Cimanggu, Majenang, Wanareja lan Dayeuhluhur, akeh penduduke sing ora bisa basa Banyumasan, apa maning basa Jawa wetanan. Nang wilayah perbatasan kuwe mau, penduduke akeh sing pedinan basa Sunda. Nek wong Cilacap biasane ngomonge nganggo basa Sunda reang.


